Senin, 19 September 2016

Cerita Pendek (Cerpen) Bahasa Jawa / Cerita Cekak (Cerkak)

September 19, 2016 0 Comments
Uji Nyali Karo Kancaku


“WAAAA!!!” bengokku kaget. “Woi ! Aja ngaget-ngageti to!” Omongku karo kancaku sing mau ngageti aku. Aku iki wong sing kagetan. Ana swara sithik wae aku kaget. Uwis ngono, aku pernah semaput gara-gara diwede-wedeni karo kancaku pas kemah. Padahal umurku wis 17 taun. “Cah lanang kok jirih”. Kuwi omongan sing paling kerep diomongke karo kanca-kancaku. Apa maneh karo kancaku sing jenenge Aji. Aji iki wong sing senengane nggarai aku kaget. Bocahe usil banget. Aji kuwi wong sing ngageti aku pas kemah mbiyen. Pas kuwi, aku lagi adus wengi-wengi ning kamar mandi sing adoh saka tenda. Aku dhewe, ora ana sing ngancani. Sakjane aku wedi, nanging tak wani-wanike. Pas wis rampung, ujug-ujug lampune mati. Banjur  lampune urup-mati. Aku wis gemrusung banget pingin metu, tapi pintune ora bisa dibuka. Aku wis pingin nangis. Terus, ana swara wedok alus ngikik kaya kuntilanak. Banjur aku tambah wedi. Aku tetep nyoba mbuka pintu kamar mandi. Pas isa kebuka, ning ngarep pintu ana makhluk medeni, matane metu, werna putih kaya pocong. Saking kagete, aku banjur semaput.

“Ji, kowe isih kelingan pas kemah kae ra?” Takonku ning Aji. “Hahahaha, pas kowe semaput kae to? Hahahaha, sumpah nggarai wetengku lara” Jawabe karo ngguyu. “Kowe karo kanca-kanca nyebai tenan, mosok sawise semaput kae tangi-tangi aku ana ning tenda darurat” Omongku. “Pas kuwi aku karo kanca-kanca kaget lho. Padahal niate arep meden-medeni tok” Omong Aji. Sakjane aku pingine iyo ora kaget. Aku isin banget, mosok semaput gara-gara diwede-wedeni.  Saiki aku ora pingin dadi bocah lanang sing jirih meneh. “Ji, aku pingin dadi wong sing ora jirih. Piye carane yo?” Takonku karo Aji. “Mmmmm, piye yen uji nyali wae?”jawabe Aji. ”Aku bakal wedi banget yen uji nyali dewe, Ji” Kandhaku. Banjur Aji ngomong “Jarene arep dadi wong sing ora jirihan? Kaya aku iki lho!”. Wah, Kemaki tenan bocah siji iki. Mentang-mentang aku kerep kaget lan wedinan, banjur nggaya ning ngarepku. “Yo yen kowe wani, kowe kudu ngancani aku uji nyali.” Omongku. “Yo! Piye yen ning dalan Roro Melati sing terkenal angker kae? Wani ora?” Jawabe Aji nantang aku. Tak jawab banter “Yo! Sesuk jumat kliwon wengi jam 8”. Banjur Aji njawab “Kok jam 8? Ora jam 12 wengi wae? Wedi po? Hahaha". “Ora, tapi aku yen bali wengi di amuk karo ibukku. Hehehe” Jawabku.

Akhire, Aku lan Aji arep uji nyali jam 10 wengi. Kancaku sing jenenge Tiyo uga melu uji nyali bareng. “Wah, seru iki! Aku melu pokokke!” Omonge Tiyo pas krungu omonganku karo Aji wingi. Yo akhire aku, Aji, lan Tiyo mangkat ning dalan Roro Melati. Sawise tekan dalan kuwi, hawane wis medeni. Dalan iki emang terkenal angker. Ora ono warga desa sing wani lewat kene wengi-wengi. Pas ning tengah dalan, ujug-ujug ana sing mbandem Aji nganggo krikil. “Cah, aja mbalangi krikil ning awakku to!” Bengok Aji sing lagi mlaku ning ngarep dhewe. Aku karo Tiyo ning mburi ora mbandem krikil. Banjur aku mangsuli Aji “Aku karo Tiyo ora mbalang kowe yo!”. Aku, Aji, karo Tiyo meneng kabeh. Hawane wis tambah medeni. Tiyo sing kendhel banjur ngomong “Lanjut wae cah, paling mung kena angin”. Aku sing krungu, bingung. Krikil isa mabur kena angin?. Adewe banjur mlaku meneh nglewati dalan Roro Melati. Saking sepine, swara jangkrik lan suket-suket isa tak rungokke. Sawise arep rampung nglewati dalan Roro Melati, ana mambu wangi-wangian. Mambune kaya kembang Melati. Aku tambah wedi. Banjur aku takon karo Aji lan Tiyo sing lagi mlaku ning ngarepku “Cah, pada ngambu kembang Melati ora?”. Aji karo Tiyo ora njawab, malah pada tetep mlaku. “Cah, pada ngambu kembang Melati ora to?” takonku meneh. Banjur Aji lan Tiyo mengo. “WAAAAAA” bengokku ndelok rupane Aji lan Tiyo. Rupane dadi bubrah, akeh getihe. Aku semaput lan ora kelingan apa-apa bar kuwi.

Sesukke aku tangi ning omahku. “Apa mau bengi aku mung ngimpi?” pikirku. Pas aku arep metu kamar, ana Aji karo Tiyo ning ngarep lawang. “Kok pada ning omahku?” takonku. Banjur Tiyo njawab “Kowe lali? Mau bengi kowe semaput. Pas ning dalan Roro Melati kae lho”. Aji yo nambahi “Ho’o, kowe mau bengi semaput. Mmmm… ngapuro yo, tapi HAHAHA”. Aji ngguyu banteer banget. Brarti, mau bengi aku yo diwede-wedeni karo Aji meneh?. Wah, bocah siji iki pancen njaluk di tempeleng. “Dadi, mau bengi kowe mede-medeni aku meneh? Ndene tak tempeleng kowe! ” Omongku nesu. “Hehe, soriiii” jawabe. Ketokke uripku iki ora bakal tenang yen nduwe kanca kaya Aji. Tapi yo, smoga wae penyakit kagetku iki isa mari yen nduwe kanca kaya Aji. “Terus kageti aku tekan aku ora kegetan yo, Ji!!” bengokku. “Siap Bos!!”.

~TAMAT~

Teks Bahasa Jawa Ngoko tentang Lokawisata Baturraden

September 19, 2016 0 Comments
Lokawisata Baturraden



Baturraden mapan ing sisih lor kutha Purwokerto yaiku ing lereng sisih kidul Gunung Slamet. Amarga Baturraden mapan ing lereng gunung, ndadekake kawasan iki nduweni hawa sing seger lan adhem banget apa meneh wayah wengi. Gunung Slamet karo lereng-lerenge sing munggah mudhun, nawakake sesawangan alam kang endah lan kahanan sing seger. Baturraden iku papan wisata sing akeh ditekani karo wisatawan lokal, paling utama ing dina Minggu lan dina prei nasional. Kahanan kasebut marakake akeh hotel lan vila dibangun ing kene.

Menawa arep menyang Baturraden bisa nggunakake tunggangan pribadi utawa umum. Adohe saka kutha Purwokerto kurang luwih 15 kilometer lan bisa tekan kurang luwih 15 menit  yen dalan ora macet. Yen pengen nggunakake tunggangan umum, wisatawan bisa nggunakake bis kutha saka terminal ing Purwokerto lan mudhun ing terminal lokawisata Baturraden. Luwih gampange wisatawan bisa nggunakake taksi. Yen nggunakake tunggangan pribadi, sabecike ati-ati amarga dalan sing munggah mudhun.

Papan wisata sing adohe kurang luwih 15 kilometer saka kutha Purwokerto, Jawa Tengah iki, ora mung duwe sesawangan alam sing endah nanging uga duwe cerita rakyat babagan Raden Kamandaka, utawa Lutung Kasarung sing terkenal ing masyarakat Indonesia.